BEDA NE MANTEN ANYAR karo MANTEN LAWAS

Posted by Unknown on Tuesday 20 August 2013

1. Naliko mangkat turu MANTEN ANYAR : kelonan,opo maneh hawa ne adhem ngene iki mesti imbuh ae kikuk"e MANTEN LAWAS : sing lanang kon turu neng lantai mbeber kloso,amargo dipan+kasur wes kebak di nggoni sing wedok karo anak"e 2. Naliko mangan MANTEN ANYAR : dulang"an katon mesra pokoke,nganti ora sadar sego sak wakul ludes MANTEN LAWAS : sing wedok muni "ndang mangan pakne,lek gak mangan mati kowe engko" utowo sing lanang muni "lek mangan ojo akeh-akeh,kok koyo wedhus ae" 3. Naliko adus MANTEN ANYAR : adus bareng,kosok"an awake terutama anu ne MANTEN LAWAS : sing wedok nguneni sing lanang "lek adus ojo suwe-suwe,sabun karo banyu larang 4. Naliko dolan MANTEN ANYAR : neng endi mesti bareng,sarimbit...bebasan mimi lan mintuna gak keno di pisahne MANTEN LAWAS : sing lanang dolan metu dhewe nyambi golek gendhakan,ketemu kanca ne trus di takoki jawabe "bojo ku ki KUPER lan ora isa dandan,mangkane gak tak ajak dolan timbang ngisin-ngisini...padahal sing wedok wes berusaha dandan nganti koyo IWAK LOHAN 5. Naliko numpak becak MANTEN ANYAR : becak 1 wae cukup,karo cekelan tangan rangkul"an MANTEN LAWAS : kudu ne becak 2 amargo sing wedok maleh lemu koyo gajah,lek ora ngono sing lanang di pangku yo kenek 6. Naliko mangkat kerjo MANTEN ANYAR : sing wedok nyalami karo ngambung tangan,sing lanang ngambung pipi+bathuk MANTEN LAWAS : sing lanang pamitan sing wedok nyauri "golek duit sing akeh gawe mbayar kontrakan omah,ojo muleh disek lek ora nggowo duit" 7. Naliko mlaku neng ndalan MANTEN ANYAR : gandhengan tangan trus rangkulan,lek wayah panas utowo udan sing lanang nggowo nglindungi sing wedok,lek sing wedok tibo kesandung sing lanang muni "Ngati-ati dik,kene tak pijet'e ben gak linu" MANTEN LAWAS : mlaku dhewe" tapi lek sing wedok tibo kesandung sing lanang muni "BLAYAKAN...MUATA MU OPO KOK SELEH NENG DHENGKUL" 8. Naliko moco postingan iki MANTEN ANYAR : mesem" trus njempol karo koment ngelem" admin'e MANTEN LAWAS : ngamuk" misuh" karo mecahi barang pawonan trus ngangkat sandale gawe ngeplaki admin'e

{ 0 comments... read them below or add one }